Selamat Datang di Portal Budaya Jawa

Ngukur Cagak Gendera


Sawijining dino Mbah Wongso lan Kang Waliman nembe tandang gawe mergo oleh proyek ana SD Suka Lucu. Senajan proyek iki namung cilik lan bisa digarap sajroning seminggu nanging Mbah Wongso lan Kang Waliman tetap sengkut anggone temandang.

Dino Setu dadi dina kang ditunggu dening wong loro mau mergo wayahe bayaran, nanging sak durunge kundur pak kepala sekolah wau enjing sanjang kon ngukurke rumiyen duwure cagak gendero sing ana halaman sekolah sing arep diganti.

Sawise ngaso sholat luhur lan mangan, Mbah Wongso sing rambute wis gak eneng irenge age-age menek cagak gendero ing SD Suka Lucu. Ngerteni kedadean iku Kang Waliman sing lagi ngecet langsung wae mlayoni Mbah wongso amergo wedi yen deweke dhawah (jatuh).Waliman Loh mbah njenengan ki nopo panas-panas ngene malah menek cagak gendero? Ngerti cagak wis ra pengkuh ameh diganti malah dinggo petakilan!



Mbah Wongso (mbengok nganggo toa) Petakilan gundulmu! Koe ki ngerti ora je le perintah saka pak kepala sekolah mau isuk? Koe ki ra ngewangi malah senengane ngoneke wong tuo.

Waliman hahaha.. njenengan ki yo lucu kok mbah, nggeh pun sing penting njenengan mang mudun riyen, mangkeh sik ngukur duwure cagak gendero niki kajengen kulo mawon, saru didelok bocah-bocah galho do ungak-ungak neng mburi lawang kelas. Untung wae mboten pas wayahe ngaso.

Sawise Mbah Wongso mudun Kang Waliman banjur nyopot baut ing cagak gendero sik ameh diukur duwure lan dimburke.

Waliman Ngeten lho mbah kerja cerdas niku, cagak gendero niki mboten perlu dipenek anggone ngukur, cukup diglimpangke ngeteniki. Nggo sakniki njenegan mang ukur ngagem meteran niku.

Mbah Wongso Woo lha Waliman ra mudeng, ketoke koe ki rakyo lulusan SMA to le, kok utekmu ora mletik babar pisan. Ha pak kepala sekolah mau ndawuhi kon ngukurke duwur cagak gendero, yen tok glimpangke ngeneki jenenge ora ngukur duwure tapi ngukur dawane. Paham ora kowe ki jane? Cah enom kok pikire cupet.

Waliman Bahahahahha... &&^&^&^&^**&^&#@ mewek karo ngrikiti cagak.
Share this post :

Posting Komentar

Statistik Blog

Download Basiyo

    Download Dagelan Matarama MP3 - Basiyo

p4tkmatematika.org

 
di Share Oleh : Bambang Setiawan | Wong Matematika | Asli dari Pacitan
Copyright © 2015. Budaya Jawa - All Rights Reserved
Template by Wong Pacitan Modified by MR-BeBe
Proudly powered by BeBeColection