Selamat Datang di Portal Budaya Jawa

mBojrot - Buka Puasa



Sore iku ing sasi pasa iki mBojrot dijak bulik e priksa nang dokter. Nalika lagi ngantri amarga pasiene rada akeh mula ya rada suwe. Kamangka doktere ya urung teka. Mula bulik tuku teh kotak karo roti isi pisang kanggo persiapan mengko nek nganti maghrib, bisa kanggo buka. Suwe anggone ngenteni nganti jam 4 doktere lagi teka. Wheee lhaa ndadak mBojrot nyaut teh kotak terus di ombe nuli roti pisang siji dipangan welwel wel.... entek gusis.
"horotoyoohhh... nJtroooot .. khok wis mangan?? pasamu batal cuuuahhhh...!!!"srengene bulike.
"Ora hlo bulik... iki wis wayahe buka...!!"
"Bukane wong ngendi???..... iki lagi jam papat cuuuaah!!"
"iku hlo bulikkkk..... keeeeeee...!!!" semaure mBojrot karo nudingi papan nang ngarep pintu praktek-ke dokter.
"BUKA JAM 4 SORE"
!@#$%^&*()(*&^%$horotooyooohhh#$%^&*()(*&^%$(*&^%
 —
Share this post :

Posting Komentar

Statistik Blog

Download Basiyo

    Download Dagelan Matarama MP3 - Basiyo

p4tkmatematika.org

 
di Share Oleh : Bambang Setiawan | Wong Matematika | Asli dari Pacitan
Copyright © 2015. Budaya Jawa - All Rights Reserved
Template by Wong Pacitan Modified by MR-BeBe
Proudly powered by BeBeColection