Selamat Datang di Portal Budaya Jawa

mBojrot - Ketemu Raden Gatotkaca



Kelingan jaman kampanye biyen. Yen jaman kampanye ngene iki mBojrot trima nyingkir mlebu kebonan. Pengalaman kampanye PILEG sasi wingi bathuke mlah benjut di kethak palu karet hansip. Padahal deweke mung njupuk spanduk arep dinggo gawe kathok kolor.
Mula awan iku deweke dolanan plinthengan. bola bali watu plinteng mencolot menduwur tanpa arah.
Dumadakan "GEDEBRUUUUUUGGGGGGGG!!!!!"
Ana barang ireng gede tiba saka langit. mBojrot kamitenggengen. apa maneh nalika barang mau kriget-kruget tangi. Ora suwe ana wewujudan menungsa nganggo pakeyan wayang.
"trembelane...... dolanan plintheng ngawur kowe nang ... iki delengen bathukku nganti mlenthung keneng plinthengmu.....!!!"
mBojrot nganti dingkelen saking wedine..........
"nJenengan niku sinten??"
"aku raden Gatotkaca saka pringgondani......!!!"
"owhhh ... raden gatotkaca khok ngangge kaos kaki??"
"nek aku miber nang awang-awang angine midit. mula ben ora masuk angin aku nganggo kaos kaki......!!!"
"nggih nyuwun ngapunten raden gatotkaca ... kula mboten sengaja!!"
"... hmmmmmmmm sesuk maneh sing ngati-ati nang, aja nganti gawe cilakane liyan...... iki mau saliyane benjut bathukku... sanguku sega bungkus yo ceblok mlayang mbuh nangendi.......... jan kamangka iku sega senenganku, nganggo jangan gori ...... tur lawuhe tempe bacem...!!!"
" inggih nyuwun pangapunten raden gatutkaca....... kula ingkang lepat!!"
"yowis ora papa... sik aku tak bali menyang pringgondani ......... tak njupuk serep sega thiwul jangan gori lawuh tempe bacem!!!"
Pawongan iku nuli mlesat ing angkasa ninggalake si mBojrot sing plonga-plongo kaya kebo.
________________________________________________
Salungane wong mau mbojrot nemu bungkusan. nuli di bukak.
"weeehhh ... iki kayane sangune raden gatotkaca mau..... sega thiwul jangan gori.... wis tak pangane wae........!!!" nuli mBojrot ikur mangan sega bungkus.
Ning durung nganti entek deweke gragapan...............
__________________________________________________
"haiyuuhhhhh.... bocah kurang ajar, awan-awan turu ndadak nganggo nglindur barang... mosok bantal dicokoti nganti dedel duwel kapuke mabur-maburrr............hayiuuuuuu nganti kaya anoman .... kapuke nempel kabeh neng rai..." ujare simboke sora..........
$%^&*()_)(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()(*&^%$#$%^&*()*&^%$
Share this post :

Posting Komentar

Statistik Blog

Download Basiyo

    Download Dagelan Matarama MP3 - Basiyo

p4tkmatematika.org

 
di Share Oleh : Bambang Setiawan | Wong Matematika | Asli dari Pacitan
Copyright © 2015. Budaya Jawa - All Rights Reserved
Template by Wong Pacitan Modified by MR-BeBe
Proudly powered by BeBeColection