Selamat Datang di Portal Budaya Jawa

mBojrot - Tutum Botol Dengan Rapat



Sore iku ketua RT-ne mBojrot keliling kampung undang-undang kabeh warga RT supaya kumpul neng ngomahe RT. Jare arep rapat.
Jan tenan, bubar Maghrib kabeh warga ngumpul ana ing omahe RT ne. 
Pak RT kang jeneng asline lik Karsipin ngendika,"Para rawuh sedaya, ing sore iki panjenengan tak undang kanggo rapat...!"
"keperluane napa rapate niki pak RT..??"pitakone bapakne mBrejel.
"critane anakku ragil sing jeneng si Merit lara watuk...... lha iki mau bar tak obati nganggo obat watuk.... seprene obate urung tak tutup..!!"
"Hlaaa hubungane napa kalih kula lan kanca-kanca diundang rapat niki pak??"pitakone bapakne mBojrot.
"Horotooo.....dadi uwong ke mbok sing rada pengalaman sithik to bapakne mBojrot........ jajal iki delengen obat iki ana aturane....... "SELESAI DIGUNAKAN, OBAT HARAP DITUTUP DENGAN RAPAT" ....... !!!"
!@#$%^!@#$%^&*)(*%$^&*(*&^%$#@#$%^&*()(*&^%$#@@
 —
Share this post :

Posting Komentar

Statistik Blog

Download Basiyo

    Download Dagelan Matarama MP3 - Basiyo

p4tkmatematika.org

 
di Share Oleh : Bambang Setiawan | Wong Matematika | Asli dari Pacitan
Copyright © 2015. Budaya Jawa - All Rights Reserved
Template by Wong Pacitan Modified by MR-BeBe
Proudly powered by BeBeColection